"SANGGAR SAREH BUDOYO"
Kergan Rt 03 Rw 11 Tirtomulyo Kretek Bantul Yogyakarta
Kode Pos : 55772
Telp : (0274) 6460325

Hand Phone : 08156302495
Email :
Tardalang@yahoo.com

Friday, October 9, 2009

Gerongan

Gerongan adalah suatu tembang yang disuarakan oleh wiraswara pada waktu gending melantun.

Cakepan gerongan salisir :

  • Parabe Sang Smarabangun, sepat domba kali oya, aja dolan lan wong priya, gerameh nora prasaja
  • Garwa Sang Sindura Prabu, wicara mawa karana, aja dolan lan wanita, tan nyata asring katarka.
  • Sambung langu munggweng gunung, kunir wisma kembang rekta, aja nggugu hujarira, wong lanang sok asring cidra
  • Gentha geng kang munggwing panggung, jawata pindha Harjuna, jaman mengko kawruhana, wong wadon keh ngamandak

Cekapan kinanthi 1:

  • Punapata mirah ingsun, prihatin waspa gung mijil, tuhu dhahat tanpa karya, sengkang rinemekan Gusti, gelung rinusak sekarnya, sumawur gambir melathi
  • Upama tyase mangunkung, mulating sira dyah ari, sayekti melu mangarang, telase riris gumanti, ingkang tarangggana sumyar, remek dening salah kapti
  • Marmanta mangrurah gelung, lintange merang ningali, mring langening kiswanira, miwah kidang kidang isin, miyarsa ing swaranira, si kidang umpetan tebih
  • Tuwin kombang kombang geng kung, miyarsa swaranta yayi, kadi merange si kidang, anoning liringireki, mangkana susahing kidang, malah tyarsira lir kanin
  • Kabot kabotan lung gadhung, wekasan mungkret amuntir, mulat nggonira saduwa, malah malah cengkir gadhing, kang tiba mrih dherangkalan, umpetan mring jurang trebis

Cakepan kinanthi 2 :

  • Mideringrat hangalangut, lelana njajah nagari, mubeng tepining samodra, sumengka hanggraning wukir, analasak wanawasa, tumuruning jurang trebis
  • Sayekti kalamun suwung, tangeh miriba kang warni, lan sira pepujaningwang, manawa dhasaring bumi, miwah luhuring akasa, tuwin jroning jalanidi
  • Iku ta sapa kang weruh, nanging kiraning tyas mami, sanadyan ing bawana, anas kang madha warni, maksih sumeh semu sira, ruruh rarase respati
  • Myang dedeg pangadegipun, sedeng sedhete mantesi, sembada genging sarira, lelewane milangeni, wiraga raga karana, murwedah hyang hyanging bumi
  • Manis gapyak lukita rum, dhemes luwes merak ati, susila tyase ngumala, solahe nyudara werdi, jumawut geng kang salaga, pari kudu sun ngengeri

Cakepan kinanthi 3 :

  • Nalikanira ing dalu, wong agung mangsah semedi, sirep kang bala wanara, sadaya wus sami guling, nadyan ari Sudarsana, wus dangu nggenira guling
  • Kukusing dupa kumelun, ngeningken tyas sang apekik, kawengku sagung jajahan, nanging sanget hangikibi, sang resi Kanekaputra, kang anjok saking wiyati
  • Kagyat risang kapirangu, rinangkul kinempit kempit, dhuh sang retnaning bawana, ya ki tukang walang ati, ya ki tukang ngenesing tyas, ya ki tukakng kudu gering
  • Teka ndadak melu melu, kaya budhine wong ceplik, lali yen kalokaningrat, ing bawana amurwani, mustikaning jagad raya, dhemen lalen sanggarungi
  • Sun iki ngembani wuwus, Dewa Sang Hyang Hodipati, Bathara Suksma kawekas, sira ingkang den paringi, ingkang maosandilata, panguripe wong sabumi.

Sumber : sukolaras.wordpress.com